Minggu, 08 Mei 2016

Doa Paus Fransiskus (Bahasa Jawa)



Gusti Yesus Kristus,
Sampeyan Dalem sampun paring piwulang dhumateng kawula supados kawula sami welas asih kados Kanjeng Rama ing swarga, lan sampun ngendika dumateng kawula bilih sinten kemawon ingkang sampun mirsani panjenengan Dalem ugi sampun mirsani Rama kawula ing swarga. Katingalna pasuryan Dalem, pramila kawula temtu wilujeng.
Pasuryan Dalem ingkang kebak welas asih sampun ngluwaraken Zakeus kaliyan Matius saking banda kadonyan; wanita ingkang nerak angger-angger lan Magdalena, ingkang pados kabingahan kadonyan; dadosaken Petrus keduwung, lan paring pengajeng-ajeng tumrap durjana ingkang martobat.
Kagugahna niat kawula mirengaken piwulang Dalem Gusti kados dene piwulang Dalem tumrap wanita Samaria: “Yèn kowé ngerti bab ganjaran peparingé Gusti Allah!”
Sampeyan Dalem mangejawantah dados wujud nyata welas asih:
Mugi Gereja saged mujudaken pasuryan Dalem ingkang nyata ing donya, ingkang gambaraken Panjenengan Dalem wungu saking seda lan minulya.
Sampeyan Dalem ngersaaken supados kawula tansah prasaja, saengga saged welas asih tumrap sedaya tiyang ingkang tebih saking saking Gusti: mugi-mugi sedaya tiyang ingkang nembe tebih saking Gusti tansah ngraosaken sih katresnan Dalem Gusti.
Kautusa Roh Suci Dalem lan sinucekna kawula sedaya, awit saking sih tresna Dalem Gusti supados Yubelium Welas Asih menika dadosaken tahun menika mujudaken tahun kaberkahan Dalem. Mugi-mugi umat Dalem kanthi semangat enggal saged martosaken kabar kabingahan dhumateng sedaya tiyang, ingkang miskin, tertindas, lan nembe nandhang bebendhu.
Panyuwunan menika kawula aturaken lantaran Maria, Ibuning Welas Asih.
Lantaran Sang Kristus Gusti kawula ingkang gesang lan mengku keprabon jumeneng Allah ing salami-laminipun.
Amin.

(Dialih bahasakan oleh: Andreas Ardhana P dan Ig. Lilik Budi N - keduanya staf pengajar di SMP-SMA Xaverius 2 Jambi)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Aku adalah aku

Foto saya
bantul, yogyakarta, Indonesia
Seorang manusia biasa yang mencoba bersuara pada dunia tentang Kedamaian.